Cinderella
Ing jaman
biyen, onok bocah wadon sing ayu lan apik atine . Ibune wis mati, nanging
sawise Ibune mati , ayahe kawin maneh karo janda sing wis duwe anak loro. Ibu
tiri lan dulur tirine kuwi jahat banget. Sabendino, Cinderella dikongkon
ngerjakake kabeh kerjoan omah. Nanging dulur- dulure biasane dandan lan mlaku-
mlaku ae.
Dulur tiri 1: “Cinderella……Cinderella…..”
Cinderella :” Ono opo ta mbak? (karo mlayu- mlayu
teko pawon)
Dulur tiri 1:”Iki kena apa,
kok omah durung resik.Ayo cepet resiki ,ojo males –malesan kowe.Ayo cepet resiki!”
Cinderella:”Iyo….iyo….
mbak . Sabar ta.
Dulur tiri 1:”Sabar….sabar
.Wis pinter ya nasehati aku.Biyung….biyung…….”
Ibu tiri :”Ana apa ta kok celak – celuk iki?”
Dulur tiri 1:”Niki biyung
,Cinderella mboten purun ngresiki omah .
Ibu tiri :”Opo bener iku Cinderella .Kowe iku
pancene males kok .Ayo cepet resiki ! Ojo mbantah aku kowe!”
Cinderella:”Inggih
Biyung….inggih-inggih biyung….”
Ing
ngarep omah , mbak tirine sing sijine , malah enak- enakan lungguh nang ngarep
omah .Samentoro iku, ana pengawal saka Kerajaan arep ngewenehi undangan .
Pengawal :”Sugeng sonten….”
Dulur tiri 2:”Sonten,wonten
perlu napa nggih? Napa inngih pengawal kerajaan dhateng mriki?”
Pengawal :” Niki, kula badhe ngewenehi undangan
kerajaan.”
Dulur tiri 2:”O… nggih
.Matur suwun nggih pengawal.”
Pengawal :”inggih Sami-sami.”
Ing
njero omah.
Dulur tiri
2:”Biyung……biyung…..”
Ibu tiri :”Ana apa ta nak?”
Dulur tiri 2:”Niki, wonten
undangan saking Kerajaan . Kula kalih mbakyu badhe dhateng ing pestane kerajaan.”
Ibu tiri :”O… ya wis tak ijini.Kowe macako sing
ayu-ayu yo…”
Dulur tiri 1:”Suwon nggih
bu.Ayo dek. Awak dewe kudu dandan sing ayu.”
Wektu dulur tirine loro karone ngomong ing ibu tiri ngenani
pesta dansa, Cinderella krungu lan pingin melu ing pesta dansa.
Cinderella :”Nyuwun sewu
bu, kula pingin dhateng ing pestane kerajaan.Mboten napa-napa ta bu, kula melu
ing pesta bareng mbakyu-mbakyu kula.
D.tiri 1 : “Ooo… kowe
mbari nguping ya!”
D.tiri 2 : “Kowe ora usah
melu,kowe ngresiki omah wae.”
Ibu tiri : ”Kowe nang omah
wae, ora usah melu!”
D.tiri 1 : “wong kowe ya
ora nduwe klambi sing apik…”
D.tiri 2: “ya, kowe iku
ora duwe klambi pesta.Wes kowe nang
Omah wae!”
Ing
pawon ,Cinderella nangis amarga dheweke ora bisa teka ing Kerajaan. Nanging ,
wektu dheweke nangis ana peri sing bisa mbantu dheweke.
Peri : ”Kena opo kowe kok nangis Cinderella?”
Cinderella: ”sapa kowe ?”
Peri : ” Aku peri, aja wedhi “
Cinderella: ” Aku ora bisa
teka ing pesta Kerajaan ,peri. Aku ora duwe klambi sing apik .”
Peri :”Aku bakal ngerubah penampilanmu
sing luwih apik lan ayu .Saiki kowe meremo wae. Sim……Salabim…..Saiki kowe wis
bisa teka ing Kerajaan. Nanging, sihirku bisa ilang sakwise jam 12 bengi.Dadi
ojok sampek ora mulih ing jam 12 bengi.”
Cinderella :” Inggih kula
bakal mulih sak derange jam 12 bengi. Suwon nggih Ibu Peri.”
Cinderella
penampilane wis berubah dadi apik lan ayu. Banjur Cinderella nyusul ing
kerajaan sak wise.
Ing
Kerajaan, Cinderella bisa ketemu karo Pangeran.
Pangeran : “Wiih
.Bocah wadon kuwi rupane ayu banget, sopo ya asmane?Kula penasaran .”
Si
pangeran marani bocah sing ayu kuwi amarga pangeran kepincut.
Pangeran :”Sinten asmane panjenengan?”
Cinderella:” Nami kula
Cinderella. Seneng bisa ketemu kalih panjenengan .”
Pangeran :” Inggih . Matur suwun kula nggih seneng
banget bisa ketemu panjenengan.”
Pangeran lan Cinderella dansa bareng lan omong-omongan. Cinderella
ora sadar yen jam atene nunjukake jam 12 bengi. Cinderella banjur pamit mulih.
Cinderella:” Kula nyuwun
pamit ,badhe wangsul ,amarga sampun dhalu pangeran.”
Pangeran :” Inggih , kok
cepet- cepet banget badhe wangsul Cinderella.”
Cinderella banjur mlayu cepet-cepet mulih. Nanging ,dheweke
ora sengaja ninggalake salah siji sepatune .Pangeran ngejar nanging ora nututi.
Nanging dheweke nemokake sepatune Cinderella. Amarga iku dheweke mrintah
Pengawal kanggo nggoleki pasangan sepatu kuwi mau lan nggoleki pemilike.
Ing
Kerajaan.
Pangeran : ”Pengawal….pengawal….”
Pengawal : “ ya
pangeran,ana apa pangeran ? Ana sing bisa kula
Kerjakake ?”
Pangeran : ”Niki loh, kula
nemu salah sijine sepasang sepatu.
Kowe ngerti apa ora iki nggone
sapa?”
Pengawal : “Kula mboten
ngerti pangeran, niki sepatune sinten.”
Pangeran : “ Yen ngono
golekno sapa pemilike pasangan sepatu iki.”
Pengawal : “inggih
pangeran kula kudu badhe goleki sinten sing kang nduwe pasangan sepatu niki.“
Sawise
Pengawal dating nang omah-omah. Akhire pengawal dhateng Ing omahe Cinderella.
Pengawal :”Sugeng
enjing…..”
Ibu tiri :” Enjing … Wonten perlu napa nggih?”
Pengawal ;”Kula diutus
Pangeran badhe nggoleki pasangan sepatu niki .”(karo nunjukake aepatu iku nang
ibu tirine Cinderella)
Ibu tiri :” o…. nggih monggo mlebet.”
Kabeh dulur tirine Cinderella padha nyobak sepatu kuwi
mau,nanging ora ono sing pas . Wektu Cinderella nyobak sepatu iku , sepatune
pas . Dheweke malih dadi ayu maneh lan urip bahagia karo Pangeran.
-Tamat-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar