Andhe-Andhe
Lumut
Pambuka
Kacarita, Raja Putra Jenggala, asma Raden Panji Asmara Bangun,jengkar saka praja saperlu nyamar dadi kawula .Tumindak mau dilakoni,jalaran andreng penggalihe anggone daya-daya kepingin ketemu karo ingkang garwa,ya Dewi Galuh Candra Kirana.Garwane mau wis sawetara wektu jengkar saka Keputren .Raden mau lunga nganti hutan lan dikancani pengawale sing setia.
Kacarita, Raja Putra Jenggala, asma Raden Panji Asmara Bangun,jengkar saka praja saperlu nyamar dadi kawula .Tumindak mau dilakoni,jalaran andreng penggalihe anggone daya-daya kepingin ketemu karo ingkang garwa,ya Dewi Galuh Candra Kirana.Garwane mau wis sawetara wektu jengkar saka Keputren .Raden mau lunga nganti hutan lan dikancani pengawale sing setia.
Bagian 1 :
- Pangeran : Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo…
- Bejo : Pangeran…. Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?….
- Pangeran : aduh… kowe kui ati-atio….
- Bejo : hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran enten wingking kula…
- Pangeran : rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.
- Bejo : wonten napa pangeran….
- (keterangan: dua orang duduk bersama dan bercerita)
- Pangeran : Kok renek kewan dina iki ya?
- Bejo : Injih pangeran sepi sanget…!!!
- Pangeran : Jo, saiki mule o.Aku arep nggolek garwaku nganti ketemu.
- Bejo :Inggih,kula balik dhisik.Muga Gusti Allah nulungi sampeyan supaya slamet nganti ketemu karo Ratu.. (bejo pulang kembali ke istana)
Awake
pangeran wis kesel amarga wis pegel mungga gunung turun jurang.Wektu iku ana
Mbok Rondho kang lagi golek kayu ing alas kono.Mbok Rondho kaget bareng weruh
ana sawijining nom-noman kang semaput.
·
Mbok Randha : Leh bocah bagus,geneya kowe turu ing alas
kene ? Banjur aranmu sapa ?
·
Andhe-Andhe L. : Kula boten tilem mbok,sajake kala wau
semaput,boten eling.Pancen badan kula
lungkrah lan kekeselen.Dene name kula pun Andhe-Andhe Lumut.
·
Mbok Randha : Wah mesakake tenan,apa kowe gelem takpek anak
?Jajaran aku ora duwe anak.
·
Andhe-Andhe L. :
Inggih mbok,kula gelem.
Bagian 2 :
Ing papan liya,ing Desa sisir lor kali ana prawan ayu-ayu cacahe telu.Bocah mau arane Kleting Ijo,Kleting Abang,Kleting Biru lan sakjane ana maneh nanging anak tiri,jenenge Kleting Kuning.Kleting Kuning saben dina tandang gawe.
Ing papan liya,ing Desa sisir lor kali ana prawan ayu-ayu cacahe telu.Bocah mau arane Kleting Ijo,Kleting Abang,Kleting Biru lan sakjane ana maneh nanging anak tiri,jenenge Kleting Kuning.Kleting Kuning saben dina tandang gawe.
- Kleting Ijo : dulur - dulurku ….
- Kleting-liyane : ana apa…
- Kleting Ijo : mrene a ana berita sing penting banget…
- Kleting abang : Berita apa ta …
- Kleting Biru : iya,ana berita apa mbak ??
- Kleting Ijo : kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus banget, jenenge ande-ande lumut.
- Kleting Biru : Owh… ande-ande lumut…. Bagus!!!! Wahh gelem ..
- klenting Ijo : iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwo pendampinge…
- Kleting-kleting : wahh ,,,pengen banget ….
- Kleting Abang : iya… mengko aku arep dandan gen dadi putri sing ayu, sapa ngerti aku kepilih dadi garwone ande-ande lumut.
- Kleting Ijo : Gek neng njero,,siap-siap dandan !!!
- Kleting-kleting :iya-iya ….
- (keterangan: kleting merah,hijau,biru masuk kerumah)
Ora suwe maneh,Kleting Kuning sing mau weruh pirembugan mau
datengi mbakyu-mbakyune.
- Kleting Kuning : Mbak… kulo bade matur…
- Kleting Ijo : Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ?
- Kleting kuning : Sampun mbak…, ngenten mbak… kula inggih kepingin nglamar dados garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.
- Kletling Abang : Owh yow wes..rene tak dandani kowe .
Klenting abang menehi angus sing ambune ora sedap nang
Kleting Kuning.
- Kleting Biru : yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone mbok neng kali kono.
- Kleting kuning : nggih mbak…
- Kleting Abang :
Hahaha… kleting Kuning gelem wae dibujuki .sapa sing arep
nrima .
Bagian : 3
Kleting Abang,Kleting Ijo lan
Kleting Biru budhal menyang omahe mbok Rondho ing desa Dhadapan.
Kacarita,bareng para Kenya mau tekan
ing sapinggire kali,kabeh padha bingung jalaran kaline banjir,Para Kleting kang
ora isa nyabrang.Dumadhakan ana Yuyu Kangkang nyedhak.
- Yuyu kangkang : Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…
- Kleting ijo : Yuyu kangkang… aku jalik tulung kowe….tolong sebrangke lewat kali iki…
- Yuyu kangkang : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane
- Kleting Ijo : imbalane apa to…kon mbayar ngango duit?? Wah kowe kui mata duitan…
- Kleting Biru : yow wes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..
- Yuyu kangkang : dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha
- Imbalane yaiku ngango tangamu..
- Kleting Biru : apa tanganku???ameh bok kapakne??
- Yuyu kangkang : ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…
- Kleting ijo : ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…
- Kleting ungu : iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok ambungi??hiiiii
- Yuyu kangkang : yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah
- Kleting Biru : yow wes,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….
Sawise ngambung tangane para Kleting,Yuyu Kangkang nyebrangake para
Kleting.
- Yuyu kangkang : Wah… seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..
Bagian 4
(perjalanan Kleting Kuning menuju
sungai,ada suara ghaib )
Ing kali wektu Kleting Kuning umbah-umbah,Kleting Kuning diwenehi pusaka .
- Kleting Kuning : Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti lemah manah.
- Suara Ghaib : Hai… cah wadon ayu.
- Kleting kuning : Siapa kui… ?
- Suara Ghaib : Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu.
- Kleting kuning : ameh ngapa kowe?..
- Suara Ghaib : Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo pusaka iki keguna karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu.
- Kleting kuning : Injih matur nuwun..
Sawise iku,Kleting Kuning budhal ing desa Dadhapan.Nanging
wektu Kleting Kuning tekan ing sapinggire kali.Kleting Kuning ora bisa
nyabrang.Dhumadakan ana Yuyu Kangkang nyedhak.
- Yuyu Kangkang : Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.
- Kleting Kuning : Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang?? Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne aku.
- Yuyu kangkang : Hahaha… aku wegah
- Kleting kuning : mengko tak keki duit…
- Yuyu kangkang : aku wegah… wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar wung wadon elek
- Kleting Kuning : alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…
- Kleting kuning : Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.
Dumadaan banyu ing kali asat ,Yuyu Kangkang cilaka.Sawise
iku Kleting Kuning nyabrang lan budhal ing omahe mbok Rondho Dadhapan.
(Yuyu kangkang mati)
(Yuyu kangkang mati)
Bagian 5
Ing desa Dadhapan, mbok Rondho lagi nyapu.Wektu nyapu tekan prawan ayu-ayu.Yaiku Kleting abang,Kleting Biru lan Kleting Ijo .
·
Kleting-kleting
:
Assalamu’alaikum…
- Mbok rondo dadapan : Wa’alaikumsalam, sapa ya…
- Kleting Abang : kula mbok…Kleting Abang
- Kleting Ijo : kula kleting Ijo mbok…,lan iki adhiku Klenting Biru.
- Mbok rondo dadapan : wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??
- Kleting Biru : Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok…
- Mbok rondo dadapan : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak omongne ande-ande lumut…
- Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang dadi asmane…
- Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
- Mbok rondo dadapan : Wah… ora gelem ki nduk….
- Kleting ijo : Cobi kulo mbok…
- Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku kang dadi asmane…
- Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Nanging wis di coba siji-siji ,kabeh ditolak karo
Andhe-Andhe Lumut .
- Mbok rondo dadapan : wah… ora gelem kabeh kae…
Ora suwe,Kleting Kuning tekan ing ommahe mbok Rondho
- Kleting kuning : Assalamu’alaikum…
- Mbok rondo dadapan : wa’alaikumsalam… sopo iku ya…
- Kleting kuning : kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut.
- Mbok rondo dadapan : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…
- Kleting Abang : La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing ayu ditolak kok sansoyo kowe??
- Kleting Kuning : Di coba disik mbok…
- Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang dadi asmane…
- Ande-ande Lumut : Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade medun, najan olo meniko kang putro… suwun.
- Mbok rondo dadapan : Lo… apa rasalah kowe le tole??
- Ande-ande Lumut : mboten bu niki sampun dadi pilihane kula
- Mbok rondo dadapan : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.
- Ande-ande lumut : Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal
- Mok rondo dadapan : Apa kui???
- Ande-ande lumut : Ibu… sak jane iki kulo iku raja ingkang menggembara golek garwa kula.
- Mbok rondo dadapan : Apa… pangeran…???
- Kleting-kleting : haa!!!!……???? pangeran…???
Sanalika kenya elek mau banjur malih ayu.Sejatine,Kleting Kuning iku ya Dewi Galuh Candra Kirana garwane raden Panji Asmara Bangun sing nyamar dadi Andhe-Andhe Lumut.Kacarita bareng Raden Panji wis ketemu karo garwane dhweke balik karo garwane ing kerajaan lan urip slaras saklawase.
-Tamat-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar